Didi Kempot – Trenggalek Nyimpen Tresno
Lirik Lagu Didi Kempot – Trenggalek Nyimpen Tresno Lyrics
Limang taun, suwene tekan saikiNeng kutho trenggalek, tak enteni
Ra kepingin golek, ra kepingin ganti
Nganti tuwek, mung kowe sing tak tresnani..
Sing tak suwun, jo nganti cidro ing janji
Tresnanono aku, tekaning pati
Ojo nganti luntur, ojo nganti ajur
Ngelingono janjimu, neng pantai prigi..
reff :
Blarak godong kambil, garing kebakar srengenge
Keno angin wis adoh soko glugune,
Rasane ra penak, wong yen urip dewe
Rino wengi neng ati, kelingan wae..
Watu watu karang, sing ono tengah segoro
Sing tak sawang seprene, isih neng kono
Putih ora malih, koyo roso tresno
Sing neng atiku mung kowe, dudu wong liyo..
Sing tak suwun, jo nganti cidro ing janji
Tresnanono aku, tekaning pati
Ojo nganti luntur, ojo nganti ajur
Ngelingono janjimu, neng pantai prigi..
kembali ke reff..blarak godong kambil…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar